RUNGOKNA WACAN IKI NULI WANGSULANA PITAKON – PITAKON
Dumadhine Desa Gunungpati
Rikala ana perang antarane Tuban karo Pati, akeh pendhudhuk Pati sing
mlayu golek keslametan. Ing antarane wong-wong sing padha mlayu mau,
ana salah sijining nayaka praja utawa prajuritkraton kang aselisih kiai Pati. Kiai Pati mlayu mengulon menyang tlatah Semarang.
Kanthi numpak sapi sing sekti kang arane Pragolopati. Kiai Pati bisa
uwal saka mungsuh. Mlayune nganti tekan pareden kang aman kanggo ngaso.
Banjur Kiai Pati ngendika marang kabeh pandhereke. “Tlatah kene aman,
subur lan endah, cocok yen dienggo ngaso.”
Mula kabeh banjur mandheg lan ngaso bebarengan. Kiai Pati ndangu
pandereke. “ Kepriye yen awake dhewemanggon lan urip ing tlatah kene?”
“sarujuk, kiai,” wangsulane para pandherek serempak.
Kiai Pati bebarengan karo pandherek kabeh mbukak alas lan mbangun
tlatah kanggo manggon. Kabeh nuli manggon bebarengan ana tlatah kono.
Papan kono mau diwenehi jeneng Gunung Pati nganti saiki.