Tuesday, 28 May 2013

Pelajaran Bahasa jawa : Ukara Homonim, Sinonim, Antonim Bahasa Jawa

Homonim yaiku tembung-tembung kang padha pangucapane lan padha panulisane, nanging beda tegese sebab asale tembung kang beda.
Tuladha:
- Kula rade pandung panjenengan punika sinten? (pangling)
- Rehning punika kathah pandung, mila kedah ngantos-atos. (maling)
- Mengko yen ibu duka kepriye, mbak? (nesu)
- Bocah ditakoni kok mung duka bae, sebel aku! (embuh)


Antonim / Tembung kosok balen yaiku tembung kang duweni teges walikan karo tembung liyane, tembung-tembung kang kalebu antonim iku antarane: padhang-peteng, bungah-susah, gedhe-cilik, beja-cilaka, kasar-alus, lan sapiturute.
Tuladha:
- Bab sugih mlarat iku sejatine jatahe dhewe-dhewe.
- Kali ing Kalimantan kuwi tiga rendheng banyune ajeg gedhe.

Sinonim (nunggal misah) yaiku rong tembung utawa luwih kang wujud lan panulisane beda, duwe teges padha utawa meh padha, teges sing padha persis iku langka arane, saumpama ana gunggunge, uga winates.
Tuladha:
1. a. Bocah kuwi senenge randha kemul.
b. Bocah kuwi senenge tempe goreng diwenehi glepung.
2. a. Tawangmangu iku hawane pancen adhem banget.
b. Tawangmangu iku hawane pancen atis banget.

Homograf yaiku tembung-tembung kang tulisane padha, nanging pangucapane beda, lan tegese uga beda.
Tuladha:
1. a. Tiyang punika asring ngagem busana cemeng. cemeng = ireng
b. Aku yen sowan budhe arep nyuwun cemeng loro. cemeng = anak kucing
2. a. Yen duwe meri kudu dikandhangake. meri = anak bebek
b. Kowe ora perlu meri karo adhimu. meri = ewa, iri

Related Posts:

  • Pelajaran Bahasa jawa : Ukara Homonim, Sinonim, Antonim Bahasa Jawa Homonim yaiku tembung-tembung kang padha pangucapane lan padha panulisane, nanging beda tegese sebab asale tembung kang beda. Tuladha: - Kula rade pandung panjenengan punika sinten? (pangling) - Rehning punika kathah pand… Read More
  • Dongeng Bahasa Jawa : Timun Mas TIMUN MAS Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane G… Read More
  • Pelajajaran Bahasa Jawa : Ukara Pitakon (Kalimat Tanya) Ukara pitakon yaiku ukara kang surasane njaluk katrangan marang wong liya, amarga kepingin mangerteni apa kang durung diweruhi. Ukara iki biasane diwiwiti nganggo tembung sesulih pinangka pitakon, lan dipungkasi ngganggo … Read More
  • Dongeng Anak Bahasa Jawa : Kancil Nyolong Timun KANCIL NYOLONG TIMUN Ing sawijining ing desa Dadapan urip keluwarga mbok Randa Dadapan karo anake wadon sing jenenge Menur. Bojone wis mati sepuluh tahun kapungkur. Saiki Menur wis dadi kembang desa lan umure wis 17 taun… Read More
  • Contoh Soal Ujian Bahasa Jawa MI/SD RUNGOKNA WACAN IKI NULI WANGSULANA PITAKON – PITAKON Dumadhine Desa Gunungpati Rikala ana perang antarane Tuban karo Pati, akeh pendhudhuk Pati sing mlayu golek keslametan. Ing antarane wong-wong sing padha mlayu mau, … Read More