RUNGOKNA WACAN IKI NULI WANGSULANA PITAKON – PITAKON
Dumadhine Desa Gunungpati
Rikala ana perang antarane Tuban karo Pati, akeh pendhudhuk Pati sing
mlayu golek keslametan. Ing antarane wong-wong sing padha mlayu mau,
ana salah sijining nayaka praja utawa prajuritkraton kang aselisih kiai Pati. Kiai Pati mlayu mengulon menyang tlatah Semarang.
Kanthi numpak sapi sing sekti kang arane Pragolopati. Kiai Pati bisa
uwal saka mungsuh. Mlayune nganti tekan pareden kang aman kanggo ngaso.
Banjur Kiai Pati ngendika marang kabeh pandhereke. “Tlatah kene aman,
subur lan endah, cocok yen dienggo ngaso.”
Mula kabeh banjur mandheg lan ngaso bebarengan. Kiai Pati ndangu
pandereke. “ Kepriye yen awake dhewemanggon lan urip ing tlatah kene?”
“sarujuk, kiai,” wangsulane para pandherek serempak.
Kiai Pati bebarengan karo pandherek kabeh mbukak alas lan mbangun
tlatah kanggo manggon. Kabeh nuli manggon bebarengan ana tlatah kono.
Papan kono mau diwenehi jeneng Gunung Pati nganti saiki.
Wangsulana pitakon iki !
1. Rikala samana sapa sing perang ?
2. Sapa sing sijine nayaka praja sing mlayu ?
3. Apa karepe tembung nayaka praja iku ?
4. Menyang ngendi playune nayaka praja iku?
5. Dijenengi apa tlatah kang ditekani nayaka praja iku?
6. Sapa arane sapi kang ditumpaki kiai?
7. Kepiye wangsulane para pandhereke kiai rikala didangu manggon lan urip ing tlatah kene?
8. Apa sing di ngendikakake kiai marang pandhereke?
9. Apa kang ditindakake kiai lan para pandhereke ing ngalas?
10. Nayaka praja ngendi sing mlayu golek keslametan rikala ana perang?
Wacanen wacan ngisor iki khanti swara kang seru, lafal, intonasi, lan ekspresi sing mathuk!
YEN BODHO KAYA KEBO
Amarga kerep ora mlebu sekolah, Kasman sida ora lulus saka kelas
enem. Kanca-kancane kabeh padha lulus. Malah saiki wis padha lungguh ana
kelas siji SMP. Deweke rumangsa gela, rasane isih isin arepmbaleni ana
kelas enem. “ Kowe kuwi kok terus ora gelem sekolah manehta, man?
Karepmu kepriye, he? “ pitakone bapake. “ kulo taksih isin kok, pak.
Kanjeng kulobadhe mlebet mbinjing emben-emben kemawon,” wangsulane
kasman. “ ngono kuwi ora bener ! sing jenenge mbaleni kuwi yu kudu wiwit
saiiki mlebu sekolah. Aja dumeh kowe mung kari mbaleni,” ngendikane
bapake kang rada nesu. “Minggu ngenjang Pak, kulo badhe mlebet,” Kasman
menehi wangsulan. Nyatane wis luwih saminggu dheweke durung gelem mlebu
sekolah maneh. Bapake bali ngelingake marang anake lanang iku.