Berikut adalah salah satu contoh Naskah drama komedi untuk anak, drama perpisahan, drama pementasan, pentas seni
Drama Bahasa Jawa
Becik Nitik, Ala Pilara
Sandiwara Kampung
* M. Ahmad Jalidu
BABAK 1
Omahe kang
Marto. Somat, anake kang Marto lagi wae bali, dheweke mbonceng Mas Bambang lan didhunke
ngarep omah. Saka njero keprungu suara megaprone Mas Bambang.
Kang Marto : “Diterke
sapa Le?”
Somat : “Mas Bambang.”
Bu Marto : “Mas Bambang ki jan apikan tenan ya, karo
sapa-sapa isa akrab. Karo cah mejid ya srawung, karo copet ya srawung.”
Kang Marto : “Huss! Bu, nek omong ki ra waton!”
Bu Marto : “Waton apa? Cen nyatane kaya ngono kok. Mas
Bambang ki cen apikan, njur anakmu ki ya copet tenan”.
Somat :
“Alah! Mung pisan wae kok njur dicap.
Aku nyopet mung pisan mbok. Gek sasi pasa wingi kae. Kuwi sing melu ngicipi dhuite
ya sapa? Simbok barang to? Nek ra reka-reka tak golekke tangeh isa melu mangan
iwak pitik kaya tangga-tanggane, Mbok”.