Tuesday 4 June 2013

Contoh Drama Bahasa Jawa (2)

Berikut adalah salah satu contoh Naskah drama komedi untuk anak, drama perpisahan, drama pementasan, pentas seni

DRAMA BAHASA JAWA

Sindenrela lan Sendal Jepit


Sindenrela kuwi gadis desa sing pinter nembang, suarane apik, parase ayu, seneng nulung, nanging uripe melasi. Ibu kandunge wis ngadep Gusti Allah. Sindenrela nduwe ibu kuwalon anyar lan nduwe sedulur kuwalon anyar jenenge Rahayu. Ibu tiri lan Rahayu mau senenge nyiksa Sindenrela nek langka bapake ing umah. Saben dina Sindenrela dipaksa kerja terus-terusan, nanging Sindenrela tetep sabar.

Sindenrela nduwe kanca jenenge Tukimin. Tukimin kiye wis dadi kancane Sindenrela kawit cilik. Mung karo Tukimin tok, Sindenrela gelem cerita apa bae, langka sing ditutupi. Apa maning masalah karo ibu tirine lan Rahayu, ora ketinggalan di ceritakake meng Tukimin.


Babak I
( esuk-esuk nang umahe Sindenrela )
Ibu tiri                   :  “Sindeeeeen!!!! Sindenrela!!!” ( lungguh ing ngarep TV  karo kipas kipas )
Sindenrela          :  “Dalem, Bu?” ( mlayu marani ibu tirine )
Ibu tiri                   :  “Dolam dalem! Kuwe ora ndeleng gerabah numpuk-numpuk. Kumbaih siki!”
Sindenrela          :  “Ngapunten, Bu. Kala wau kan Ibu ndhawuhi Sinden supados nggirah agemane Ibu. Nah menika dereng...” ( Sindenrela durung rampung ngomong, wes dipedhot ibu tirine )
Ibu tiri                   : “Halah, aja nggawe alasan terus! Ibu ora arep ngerti, pokoke siki kabeh kudu rampung!”
Sindenrela          :  “Nggeh, Bu...” ( karo manthuk manthuk )
Rahayu                 :  “Sindenrelaaaaa!”
Sindenrela          : “Dalem, Mba?” ( mlayu marani Rahayu )
Rahayu                 :  “Kiye klambiku gosokake. Aku arep dolan karo kanca-kancaku. Saiki!” ( mbalangke klambi marang wajahe Sindenrela )
Sindenrela          :  “Nanging, Mba, anu menika Sinden ajeng ngumbah agemane Ibu lan ngumbah piring.”
Rahayu                 :  “Terus aku kon mikiri? Gosokake klambiku, saiki! Nek ora aku omongna Ibu nek kowe ora gelem!”
Sindenrela          : “Ampun to, Mba. Nggeh sampun Sinden gosokaken. Nenggo sekedap malih...” ( Sindenrela banjur cepet cepet nggosok klambine Rahayu )

Babak II
( Sindenrela nggosok klambine mbakyune karo nangis amarga nelangsa karo uripe sing saben dina dibeda-bedani nang umahe dewe. Sindenrela ora ngerti nek ana Tukimin teka lewat lawang mburi )
Tukimin                : “Loh, Nden? Nangapa koh? Deneng nangis?” ( nyedhak marang Sindenrela )
Sindenrela          :  “Rasaku kok kesel banget ya, Min. Aben-aben dikon nyambut gawe kayak kiye...” ( ngulapi iluhe kang netes )
Tukimin                : “Sing legowo, Nden. Sing ikhlas.. Kabeh tindak-tanduke dewek mesti dibales karo Gusti Allah. Sanajan ora ngerti kapan wektune.”
Sindenrela          :  “Iya, Min. Apa kuwe sing nang tangan, sing kowe cekel?” ( karo nunjuk tangan tengene Tukimin )
Tukimin                :  “Nah, tembe bae aku arep ngomong. Kiye mau ana undangan saka Jaka Sembung. Dadi Jaka Sembung kiye critane arep nganakake acara kanggo golek bojo.”
Sindenrela          : “Temenan apa kuwe, Min? Jaka Sembung sing umaeh nang desa sebelah kae, to?” ( kaget )
Tukimin                :  “Iya, Nden. Jaka Sembung sing kowe senengi kae. Mbog kowe tau cerita...”
Sindenrela          :  “Moso sih?”
Tukimin                :  “Halah...kuwe pipimu kok dadi abang? Hahahaha...” ( ngguyu ngledo Sindenrela )
Sindenrela          : “Gara-garane kowe, Min! Ngledeki aku! Kan aku isin, to!” ( nutupe raine nganggo tangane karo ngguyu ngguyu dewe )
Tukimin                :  “Iya, iyaaa... Kiye undangane, masalah melu apa ora kuwe terserah. Sing penting aku wis ngabari kowe, Nden.”
Sindenrela          : “Aku sih kepengin melu, Min. Tapi aku ora ngerti ulih apa ora karo Ibu.”
Tukimin                :  “Pamit bae karo Bapakmu wae nangapa?”
Sindenrela          :  “Bapak kan lagi kerja 2 minggu nang kota. Aku ya ora bisa matur maring Bapak.”
Tukimin                :  “Oh, yawis kowe nembung disit. Mengko aku dikabari ya. Aku arep bali disek. Assalamu’alaikum...”
Sindenrela          :  “Walaikumsalam...”
Rahayu                 : “Sindeeeen! Lagi ngapa sih, deneng suwe temen nggosoke!!
Sindenrela          :  “Nggeh, Mba. Niki sampun rampung.”
Rahayu                 : “Jan, kaya kuwe tok be kesuwen!” (njukut klambine) “Loh, kuwe apa sing kowe cekel?”
Sindenrela          :  “Anu, Mba..anu...niki..eh...undangan.”
Rahayu                 :  “Kiye kan undangan acarane Jaka Sembung? Deneng kowe bisa ulih juga? Kowe arep melu apa? Hahahahaha. Aja ngimpi Jaka Sembung seneng marang kowe! Jaka Sembung kuwe seneng wong wedon sing kaya aku, udu kaya kowe!”
Sindenrela          :  “Tapi kan mboten salah to Mba, menawi Sinden nderek acara menika.”
Rahayu                 :  “Ibuuuu! Bu....!”
Sidenrela                : ( bingung Rahayu meh ngapa, wedi yen wadul ibune )
Ibu tiri                   : “Apa to? Kok bengok-bengok?”
Rahayu                 :  “Bu, menika mireng mboten menawi Jaka Sembung ngawontenaken undangan pados garwa mangke ndalu?”
Ibu tiri                   : “Loh apa iya? Jaka Sembung sing gagah kae?”
Rahayu                 : “Nggeh, Bu.  Rahayu uga badhe nderek. Tapi moso Sinden nderek, kan lucu nggeh, Bu?”
Ibu tiri                   :  “Apa? Kowe arep melu? Ora ulih karo Ibu! Mung gawe isin tok mengko nang kana!”
Sindenrela          :  “Tapi, Bu... Mba Rahayu uga pareng nderek, moso Sinden mboten pareng?”
Ibu tiri                   :  “Sekali ora ulih ya tetep ora! Mengko bengi, kowe nang umah, resik-resik! Ibu karo Mbakmu sing mangkat! Titik!”

Babak III
( Mlebu wayah bengi Rahayu karo ibu tirine Sindenrela sibuk nganah-ngeneh kanggo persiapan menyang umaeh Jaka Sembung. Rahayu ditukokake klambi anyar sing apik banget. Sindenrela mung bisa ndeleng sanajan atine iri ndeleng kakange diistimewakake karo ibune. Sindenrela sing ora bisa melu mung bisa nelangsa karo resik-resik umah )
Sindenrela          : “Ya Allah, paringana sabar, paringana ikhlas...” ( Sindenrela ndonga karo nangis )
Tukimin                : “Assalamu’alaikum, Nden, Sinden!” ( ngetok ketok lawang omahe Sindenrela )
Sindenrela          :  “Walaikumsalam, mlebu bae, Min!”
Tukimin                :  “Nden, deneng kowe tesih nang umah?” ( bingung ndeleng Sindenrela kang iseh nyapu )
Sindenrela          :  “Aku ora ulih melu karo Ibu, Min. Aku didhawuhi nang umah bae resik-resik.”
Tukimin                :  “Wis mangkat bae saiki. Ayo karo aku mronone!” ( karo narik narik tangane Sindenrela )
Sindenrela          : “Tapi nek aku dukani Ibu piye, Min. Aja ngawur kowe!” ( nguculke tangane kang ditarik Tukimin )
Tukimin                :  “Ora, ora bakal diseneni. Wis ayo mangkat!”
Sindenrela          :  “Tapi aku ora nduwe klambi maen, Min...” ( ndeleng klambi kang dinggo dekne )
Tukimin                :  “Halah, wis mbatin aku. Wong wedon genah iya koh, repot apa-apane! Geh aku wis nyelangake klambine mbakku. Dienggo rana!” ( nyerahke tas kresek kang isine klambi )
Sindenrela          :  “Tukimin pancen TOP banget. Matur nuwun ya, ora salah aku nduwe kancan kaya kowe, Min! Aku tak ganti disit ya...”
Tukimin                :  “Iya, iya, cepetan!”
Sindenrela          :  (metu saka kamar) “Piye, Min? Wagu ora?”
Tukimin                : “Ayu koh, Nden. Apik lan pas nang kowe! Sumpah, kowe gawe pangling!” ( ngacungake 2 jempol tangane )
Sindenrela          :  “Halah, ngapusi ya?”
Tukimin                :  “Ora kok, temenan. Wis ayo mangkat! Tapi tak boncengna numpak pit, piye?”
Sindenrela          :  “Ya ora apa-apa. Wis bisa mangkat kuwe wis Alhamdulillah. Aduh, aku kelalen aku ora nduwe sepatu, Min!”
Tukimin                :  “Loh aku juga ora nggawa. Terus piwe?”
Sindenrela          :  “Yawis ora masalah aku nganggo sendal jepit bae.”

Babak IV
( Sindenrela diboncengna Tukimin maring umaeh Jaka Sembung nang desa sebelah. Tekan umaeh Jaka Sembung )
Tukimin                :  “Wis nganah mlebu, aku nang njaba bae. Mengko nek wis rampung parani aku nang pos ronda kae ya...” ( ngacungi pos ronda kang ana ing pojokan )
Sindenrela          :  “Tapi aku isin mlebune, Min. Rame banget!”
Tukimin                : “Lah, ora apa-apa. Kiye kan acara bebas kanggo sapa bae. Wis nganah!”
Sindenrela          :  “Yawis. Matur nuwun ya, Min. Aku mlebu disit.” ( mlaku marang pesta ing omahe Jaka Sembung )

Babak V
( Sindenrela mlebu maring umaeh Jaka Sembung. Karo isin soale Sindenrela mung nganggo sandal jepit, padahal liyane pada nganggo sepatu apik. Tembe bae njagong kursi Jaka Sembung nyamperi Sindenrela )
Jaka Sembung   :  “Sugeng rawuh, Mba....?”
Sindenrela          : “Sinden, Sindenrela.” ( karo isin isin )
Jaka Sembung   :  “Sindenrela. Jenengmu apik, cocok karo parasmu sing ayu.”
Sindenrela          :  “Mas Jaka bisa bae...” ( raine Sinden abang amarga isin )
Jaka Sembung   :  “Bisa ya, hehe. Sampeyan maring ngeneh karo sapa?”
Sindenrela          : “Karo kanca mau, Mas.”
Jaka Sembung   :  “Oh. Sindenrela mesti pinter nyanyi? Gelem ora nembang selagu kanggo ngramekake acara iki. Selagu tok...”
Sindenrela          :  “Anu...ora, Mas. Aku ora bisa nyanyi. Mbog malah tamune pada bubar nek aku nyanyi.”
Jaka Sembung   : “Moso sih? Aku ora ngandel. Ayo nyanyi, dijajal sik.”
Sindenrela          :  “Ampun lah, Mas. Anu ora bisa...”
Jaka Sembung   : “Ayo lah, selagu tok, Nden. Ya? Ya?”
Sindenrela          :  “Emm... Yawis, selagu bae ya.”
Jaka Sembung   :  “Cihuy...iya selagu. Ayuh munggah panggung cilik kae.” ( Jaka ngacungi panggung kang ana ing ngarepan para tamu )
Sindenrela          :  “Iya, Mas.” ( Sinden mlaku enyang panggung )

Babak VI
( Sindenrela sing dipaksa nyanyi karo Jaka Sembung akhire gelem. Pas Sindenrela lagi nyanyi, ibu tiri karo Rahayu metu saka lawang mburi. Wong loro kiye mau ndeleng Sindenrela lagi nyanyi. Sindenrela juga ndeleng ibune karo Rahayu. Sindenrela kang ndhuwur panggung langsung pucet. Sawise Sindenrela nyanyi, Sindenrela mudhun saka panggung, langsung dicegat ibu tirine karo mbakyune )
Ibu tiri                   : “Apa-apaan kowe nang kene! Ora krungu dhawuhe Ibu apa, hah! Wis wani siki?!” ( narik narik tangane Sindenrela )
Rahayu                 :  “Bisa-bisane ana nang kene kowe!”
Sindenrela          :  “Wau, kula, anu...”
Ibu tiri                   : “Halah, aja kakehan alasan! Siki bali kowe! Sedurunge pada nyadar kowe nang kene. Cepet bali!” ( nyeret Sindenrela )
Sindenrela          :  “Tapi, Bu...”
Rahayu                 :  “Cepet rana! Ora usah kakehan tapi!” (ndorong Sindenrela)

Babak VII
( Sindenrela cepet-cepet arep metu saka umaeh Jaka Sembung. Tapi sedurunge tekan lawang, Sindenrela tubrukan karo Jaka Sembung )
Jaka Sembung   : “Loh, Sinden? Arep ngendi? Deneng kesusu temen?”
Sindenrela          :  “Anu...aku...aku pamit, Mas. Aku arep bali, anu, aku ditunggu nang umah. Ngapurane ya, Mas.”
Jaka Sembung   :  (nyekel tangane Sindenrela) “Aja! Aja bali disit...”
Sindenrela          :  “Ora bisa, Mas. Aku kudu bali saiki.” ( nguculake tangane saka Jaka, banjur mlayu)
Jaka Sembung   :  “Sindeeeen!”
Sindenrela          :  “Aja nyegat aku, Mas. Aku ora bisa suwe-suwe nang kene...”
Jaka Sembung   : “Udu, anu, kuwe sandal jepitmu ketinggalan.” ( nggojeki sandale Sinden )
Sindenrela          :  “Assalamu’alaikum...”
Jaka Sembung   :  “Walaikumsalam...
( Sindenrela bali maring umah karo Tukimin sing gumun nangapa Sindenrela mung sedela tok nang umaeh Jaka Sembung. Apa maning Sindenrela metu ora sandalan )

Babak VIII
 ( Esuk-esuke, umaeh Sindenrela ditekani tamu sing ora diduga karo Sindenrela ibu tirine, lan Rahayu, amarga sing teka kuwe Jaka Sembung )
Jaka Sembung   :  “Assalamu’alaikum...” ( ngetok tok lawang )
Sindenrela          :  “Walaikumsalam...” ( buka lawang ) “Loh? Mas Jaka??”
Jaka Sembung   :  “Iya, Nden. Aku arep ana perlu.”
Ibu tiri                   :  “Eeeeh, ana Mas Jaka Sembung. Monggo, monggo mlebet! Mesti arep nggoleti Rahayu ya, Mas Jaka? Rahayuuu!!!”
Rahayu                 :  “Wonten menopo to, Bu?” ( metu saka kamar )
Ibu tiri                   :  “Iki loh, ana Mas Jaka nggoleki kowe.”
Rahayu                 :  “Moso? Apa iya, Mas?”
Jaka Sembung   : “Ngapunten, Bu. Saestunipun kula dhateng mriki wonten perlu kaliyan Sindenrela. Sanes kaliyan Rahayu.”
Ibu tiri                   : “Oh, ngono? Ana perlu apa to? Kok sing digoleti Sindenrela?!”
Jaka Sembung   :  “Kula dhateng mriki sepisan kaperlu badhe wangsulaken sendal jepite Sindenrela ingkang katinggalan wonten griya kula. Kaping pindo, kula badhe ndadosaken Sindenrela dados garwa kula.”
Ibu tiri, Rahayu :  “Haaaaaah???????” ( kaget, mlongo )
Jaka Sembung   :  “Nggih, leres, Bu, Sinden, Rahayu. “
Sindenrela          :  “Mas Jaka lagi guyon apa pripun sih?”
Jaka Sembung   :  “Ora, Nden. Aku temenan arep nglamar kowe. Kowe nrima apa ora, Nden?”
Sindenrela          :  ‘Eh, mm, anu...” ( ndelokake ibu lan mbakyu tirine )
Jaka Sembung   :  “Nden?”
Sindenrela          :  “Eh, i..iya, Mas...”
Jaka Sembung   :  “Alhamdulillah....”

( Akhire Sindenrela digarwa karo Jaka Sembung. Sanajan ibu tirine lan Rahayu ora seneng, nanging bapake Sindenrela wis menehi restu. Sindenrela karo Jaka Sembung urip ayem lan tentrem adoh saka ibu lan mbakyu tirine )

----- The End -------