Tuesday 4 June 2013

Contoh Drama Bahasa Jawa (9)



Berikut adalah salah satu contoh Naskah drama komedi untuk anak, drama perpisahan, drama pementasan, pentas seni

Drama Bahasa Jawa


 JAKA TARUB DADI DUDA


Dina Jemuah…
Suasana sore wis mulai cerah.Udan sing mikine gede….benget be wis mandeg.Srengengene wis mulai katon.Eh…ditambah ana pelangi mentongol neg sisi kulon.Jerene wong-wong tah angger ana pelangi,berarti arep ana bidadari sing arep adus neng bumi.Tapi…bener orane ya mbuh ora ngerti.
Selot sowe…bit…semribit ana ambu-ambuan wangi pisan.Ana apa ya?Suara kemrincing…kemrincing genah epor sekang sisi kulon.
ADEGAN KE I
Byur…Byur…Byur…
Widadari Abang : “ Cihuy…Asik…bisa adus maning.Jen banyune seger pisan.
Wis seminggu ora adus,awake pada pliket,lah jan…segerepol pokoke lah…”
Widadari Jambon : “ Tela iya koh,segere poll.Tapi angger aku ya ora kayak ko.Ko tah dadi Widadari ora tau adus.Mbok siki neng kayangan wis ana pemandian umum.Ora ngerti si…Katro Banget!!!

Widadari Kuning : “ Ih…ya ampyun… sapa kue sing jarang adus.ngisin-isina banget dadi widadari.Masa widadari jarang adus.Kyeh…contoh akyu ya…Saben dina ora tau lat Manycure Pedycure.Jen…ambume mbok wangi pisan kaya kiye…”
Widadari Ijo : “ Lah…ya wis.Anu kaya kue be debahas.Nyong sing pada bae kaya Abang jarang adus be meneng bae koh…”
Widadari Abang : “Duh…Ijo,dadi aku ana batire???Ha…ha…ha…Tos disit yuh…(tos..!!tos..!!tos..!!)
Widadari Ijo : ” Tos…!!!”
Widadari Kuning : ” Ya…ampyun…anu kaya kue be debanggakna.Mbok Jijai ngerti!!Oh…ya,ngomong-ngomong si Ungu,Biru,karo Nila lagi nengendi ya?koh kawit mau ora katon.”
Widadari Jambon : ” Oh…kae wong telu.Ngeneh ya tek omongi.Si Ungu mau wis ijin arep konser disit.Si Biru lagi masak nggo baginda Raja.Trus Si Nila lagi mojok karo pacare.Miki wis tek jeki malah ora gelem bae.Jere mbok kesetrum.”
Widadari Abang : ” Ya…iya lah.Angger de jek ya mengko kesetrum.”
Widadari Jambon : “ Huh…Oon banget sih.Maksude aku kweh…Si Nila intine ora gelem melu ngeneh lah.Jere wis ana simg ngejeki shoping.”
Widadari Kuning : “ Ow…dadi kaya kuwe…”
Neng Prapatan…
ADEGAN KE II
Jaka Tarub : ” Le…le…le…”
Jaka Tole : ” Apa lah…nyong ora budeg.Nyeluki bae.Nyong wis krungu.Ana apa janen.”
Jaka Tarub : ” Gyeh…wetenge aku lara banget,mules…mau esuk kakeen mangan sambel.Batiri boker neng kali yuh.”
Jaka Tole : ” Jen…wis gedene semono,ming kali be njaluk debatiri.Kecing temen.”
Jaka Tarub : “ Lah,aja kaya kuwe lah.Ming batir book…Ayuh lah…”
Jaka Tole : “ Emoh lah.Mbatiri ko ming kali.Mbatiri kweh angger ming kota,shoping,cuci mata apa kepriben.Mbatiri koh ming kali.Bebeh temen.”
Jaka Tarub : “ Oh…kaya kuwe ora gelem mbatiri.Ya wis,mangsa oraha angger neng kali ana sing bening-bening,arep ora tek wei ngerti.”
Butul neng kali…
ADEGAN KE III
Jaka Tarub : “ Aduh jan lega.… pisan…..eh tapi kayta ana sing sejen ya,deneng mambu wangi ana apa ya?kayane ambune sekang kulon.Jajal tek tiliki lah.
Wualah-wuualah apa nyong ora salah weruh,kae widadari lagi pada adus….ce…ce….ce….bening pisan kena nggo cuci mata kiye tah,tombo ngantuk.!!!!!!!!!
Oh ya aku duwe ide cemerlang,tek jukut lah salah siji slendange,talih ora teyeng bali.
Jaka Tarub njukut slendang sing jambon
ADEGAN KE IV
Widadari Ijo : ”Kanca-kanca ayuhlah pada bali maring kayangan,kayane aduse wis cukup,wis keset kiye koh….”
Widadari Kuning : “ Aduh biyung,nyong esih kepengin siblon,dela maning nin…..”
Widadari Abang : “ Tapi kayane wis sore loh,angger domaih Bapa tua kepriHow…..?”
Widadari Jambon : “ Ya wis lah mayuh pada ngandang…..”
Eh…..Slendange nyong neng endi ya?deneng Raib?”
Widadari Kuning : “ Tape deh….miki mbok wis de selah ngkono lah,degolet maning jajal?”
Widadari Jambon : “ Wis koh tapi ne ora nana,kepriHow yah,mengko nyong ora teyeng bali kepriwe biyunge-biyunge,……”
WidadariAbang : “ Ayuh cepetan wis sore mbok,Aku,Ijo karo Kuning bali disit nin..”
Widadari Jambon :” La nyong Keprihow neng kene,masa nyong detinggal dewekan?moh lah….moh…”
Widadari Ijo : “ Yaw is lah.Trima bae nasibe ko.”
Widadari Kuning : “ Mbon,aku pada bali disit ya…I’m sorry Good By….Sorry dory Stroberi Ya….”
Widadari Jambon akhire detinggal dewekan.Langka sing gelem mbatiri……
Ijik-ijik….Jaka Tarub teka kaya dadi pahlawan bae….
ADEGAN KE V
Widadari Jambon : “ Hikk…hikss…hiks…slendange nyong nengendi lah…kepriwe kiye…biyungelah…bapane….”
Jaka Tarub : “ Eh…Cah ayu,kenang apa nangis neng kono dewekan.Wis gedene semono masa nangis.Apa ora isin…”
Widadari Jambon : “ Slendange inyong ilang.”
Jaka Tarub ; “ Deneng bias ilang sich…”
Widadari Jambon : “ Hah!!!!Sapa kuwe sing takon.Deneng langka wujude.”
Jaka Tarub : “ Kiye aku neng kene.Nylinguk mburi ya….”
Widadari Jambon : “ Subhanalloh….!!!Rika sapa??Deneng ijik-ijik bisa neng kono.”
Jaka Tarub : ” Oh…Ko ora ngerti aku ya..?Ya wis,perkenalken,Aku Jaka Tarub.Pemuda sing paling cakep,paling ganteng,paling joss neng desa kiye,kaya kuwe.Nah siki giliran aku sing arep takon.Cah ayu dewek jenenge sapa,truz bisane neng kene anu kepriben critane.”
Widadari Jambon : ” Dadi rika Jaka Tarub.Anu sing cokan nggaweni tarub angger ana manten ya…?”
Jaka Tarub : ” Sembarangan…Kiye Jaka Tarub,udu tukang nggaweni tarub.”
Widadari Jambon : ” Oh…kaya kuwe.Ya wis,giliran aku yah.Aku kuwe Widadari Jambon.Nama bekenne Nawang Sasi.Aku teka sekang khayangan.Tapi sing dadi masalah,siki aku ora teyeng bali khayangan.Soale slendange aku ilang.”
Jaka Tarub : ”Ow…dadi kaya kuwe critane.Melasi temen…Ya wis,siki ko melu ksro aku bae yuh.”
Widadari Jambon : ” Melu maring ngendi lah.”
Jaka Tarub : ” Aja kakeyen takon si ngapa.Gari melu bae koh.Apa ko gelem tek tinggal dewekan neng kene.Hayuh…gelem ora?Mbok cokane angger wengi-wengi ana sing ngawe-awe.”
Widadari Jambon : ”Apa iya..!!!Lah ya emong.”
Jaka Tarub : ” Ya wis,mangkane melu aku bae.Sante bae..arep ora de apak-apakna ora.”
Widadari Jambon : “ Cak lho..!!!Ya wis,siki aku melu sampeyan.Tapi angger sampeyan macem-macem,tek tutuk lho…”
Jaka Tarub : “ Iya lah…”
Sa’wise kaya kuwe,Widadari Jambon akhire melu Jaka Tarub.Mbarang wis
Suwe…akhire Jaka Tarub karo Widadari Jambon pada seneng-senengan.
Banjur,akhire pengantenen.Lan akhire dikaruniai anak lanang.
ADEGAN KE VI
Para Widadari sing maune pada bali khayangan teka maning.Para Widadari
Kuwe olih perintah sekang Papih Raja supaya njemput Nawang Sasi bali.
Widadari Kuning : ” Mbon…Kepriwe kabare?Apik-apik bae mbok? Lawas ora ketemu ya…”
Widadari Jambon : ”Eh…Abang,Ijo,Kining.Aku apik-apik bae neng kene koh.Priwe kabare ko pada.Waras kabeh mbok.Kabare papih raja kepriwe?
Widadari Ijo : ”Aku karo kanca-kanca neng kana ya pada asih waras kabeh.”
Widadari Abang : ”Jen Aku tah heran karo ko.Bisane betah neng bumi.Ana apa janen.”
Widadari Jambon : ”Gyeh,tek critakna ya,Aku neng kene ketemu karo cowo sing ganteng banget.Jenenge Jaka Tarub.Kae sing nulungi aku pas aku detinggal neng ko pada.Trus siki aku wis mbojo karo Jaka Tarub, malah siki aku wis duwe anak lanang siji.Ya gantenge ora kalah kaya bapane.Jenenge Jaka Tajam.Di jukut sekang Ta sing berarti Tarub,Jam berarti Jambon.Keren mbok.
Widadari Abang : ”Ow…kaya kuwe critane.”
Widadari Jambon : ” Nah,ngomong-ngomong ko pada janen ming ngeneh dalam rangka apa?Tumben teka ngeneh.”
Widadari Kuning : ” Kaya kiye critane.Aku,Ijo,karo Abang diutus neng papih raja supaya njemput ko bali khayangan.Nggo ngapa urip neng kene.Ora kepenak ora.Asih mending urip neng khayangan.Apa-apa ana.”
Widadari Jambon : “ Tapi pangapura ya kanca-kanca.Aku ora bisa melu ko pada.Soale aku wis betah neng bumi.Maningan mengko nasibe anak bojone nyong kepriwe.Aku asih kepengin neng kene.”
Widadari Ijo : ” Dadi kye nyong sia-sia ming ngeneh.Aja kaya kuwe sih ngapa?”
Widadari Jambon : “ Sepisan maning pangapura lah ya.Aku ora bisa.”
Widadari Kuning : ” Ya wis angger kaya kuwe karepe ko.Tapi aku pada asih tetep ngarepna ko balik khayangan maning.Aku arep ora maksa.Sing penting ko seneng nyong ya melu seneng.”
Widadari Jambon : ” Makasih ya…wis pada pengertian karo aku.”
Widadari Abang : ” Ya wis,yuh pada bali.Wis sore kyeh.Mendung maning.Mengko neng ndalan kudanen kepriwe.”
Widadari Kuning : ”Mbon,aku bali ya…Da…dah……”
Para widadari kuwe akhire bali khayangan.Tapi Widadari Jambon tetep ora gelem bali.
Neng Ngumah………..
ADEGAN KE VII
Jaka Tarub : ” Yang….Gawekna wedang kopi ngeneh.Sore-sore kaya kiye kayane asik pisan medang kopi.”
Widadari Jambon : ” ya.Sabar.”
Jaka Tarub : ” Pancen angger rejeki ora gadang mingendi-ngendi.Bisa olih widadari sing ayu mbok apa ora josss pisan.Angger ganu ora tek jukut slendange,ndean aku ora bisa urip seneng kaya kiye.Tapi aja nganti Si Nawang ngerti.Angger ngerti brabe kyeh.Bisa kabur balik khayangan maning.Mengko aku dadi duda.Sorry ya…”
Widadari Jambon : ” Jen…bapake,karepe aben sore medang…bae.Apa ora bosen.”
Jaka Tarub : ” Ya ora koh.Wong sing nggawekna be bojone nyong sing paling….ayu.Jen,ayu pisan pokoke lah.”
Widadari Jambon : ” Bapake tah senenge gombal lho…mesti anu ana karepe.”
Jaka Tarub : ” Ngerti Bae.”
Widadari Jambon : ” Oh ya Pak.Berase wis entong.Ngesuk adange kepriwe?”
Jaka Tarub : “ Mbok beras sing wingi asih.Sedela temen entonge.”
Widadari Jambon : “ Asih jeer sinten.Wong wis bersih klimit koh.”
Jaka Tarub : “ Oh ya,neng lumbung beras pedangan sebelah kulon toli asih ana berase.Wingi ana kiriman beras sekang kang Daslam.”
Widadari Jambon : “ Jajal tek tiliki ya Pak.”
Jaka Tarub : ”Ya nganah.”
Neng lumbung beras kuwe,ijik-ijik Widadari Jambon nemu slendang warna
Jambon.Mirip kaya slendange sing ganu ilang.Widadari Jambon curiga,apa
Iya, Jaka Tarub sing njukut slendange.
Widadari Jambon kesuuuuh…pisan.
ADEGAN KE VIII
Widadari Jambon : “ Pak, aku arep takon.Penting benget!!!Kye masalah slendange nyong sing ganu ilang.Pak,kenapa bisa slendange aku ana neng lumbung wadah beras?Andang-andang,Bapak sing njukut slendange aku ganu ya…???
Jaka Tarub : ”Hah…slendang?Slendang apa?Aku ora ngerti.”
Widadari Jambon : “ Lah…usah mungkir.Ngaku bae Pak.Aku bener-bener kecewa karo bapak.Wis tek bela-belani ora balik khayangan,eh ternyata sing njukut slendange aku ganu malah wong sing paling aku tresnani.
Teganya….teganya….teganya…
Jaka Tarub : ” Pangapurane Yang…Aku bener-bener njaluk pangapura.Aku ora ngerti bakalan kaya kiye akhire.”
Widadari Jambon ; ”Pak…aku kuciwa…kuciwa.Sedih atiku…”
Aku ora bisa kaya kiye terus.Aku wis dilomboni.Aku kudu lunga sekang ngene.Pak,tulung jaga Jaka Tajam sing bener.Aku titip tulung derumat.Aja ngasi kurangen pangan.Wis…Aku lunga ya…Slamat tinggal…..
Jaka Tarub : ” Yang….aja lunga lah…aja tinggalna aku dewekan neng kene.Melasi Jaka Tajam.Masa aku dadi DUDA…..
He…he…Hiks…hiks….
Widadari Jambon akhire balik maring khayangan.Anak siji-sijine karo bojone
Detinggal lunga dewekan.Saben ana pelangi,Widadari Jambon ngintip
keadaane anake sekang langit.
Jaka Tarub banjur dadi DUDA……………………
TAMAT