Monday 3 June 2013

Pidato Isra’ Mi’raj dengan Basa Jawa

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Bapak- bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek kaum muslimin lan muslimat ingkang kula kurmati. Mangga kita sesarengan munjuk atur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT. ingkang sampun paring kanugrahan rahmat saha hidayah, dene kula panjenengan sami saget makempal wonten ing mriki saperlu ngawontenaken pengetan isro’ mi’roj.
Kula minangka “Panitia Penyelenggara” pengetan isro’ mi’roj
ing masjid/TPQ/TPA/MI/SD…………………mriki punika ngaturaken agunging panu-
wun ingkang tanpa upami dhumateng para muslimin lan muslimat ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan isro’ mi’roj ing panggenan mriki. Samanten ugi dhumateng para sanak saderek ingkang sampun kersa mbiyantu bot repoting pa-hargyan pengetan isro’ mi’roj punika.

Para rawuh sadaya ingkang satuhu bahagya mulya. Ing wakdal
punika kaleres tanggai 27 rajab 19……..utawi tanggai ……………
wulan…………tahun………….M, kita sesarengan mengeti isro’
mi’roj kanjeng Nabi Muhammad Saw.
Isro’ mi’roj punika ageng paedahipun dhumateng manungsa sak ndonya, mliginipun kita umat Islam. Kangge ngayakinaken umat Islam bilih kanjeng nabi Muhammad Saw. ngawontenaken isro’, inggih punika tindak ing wanci dalu saking Masjidil Haram dumugi ing Masjidil Aqsa ing Palestina, kanthi titihan Buraq inggih punika satunggalipun khewan ingkang sampun dipun cawisa-ken dening Allah SWT. Kanjeng nabi mi’roj punika minggah da-teng langit, saking Masjidil Aqsa (Palestina) dhumateng Sidratul Muntaha. Sidratul Muntaha punika langit sap pitu.
Ing salebeting isro’ lan mi’roj punika kanjeng nabi Muhammad pikanthuk wahyu shalat sedinten sedalu kaping gangsal Ing samangke luwih gamblang lan cethanipun badhe dipun wedaraken dening bapak…………………saking……………
Kula kinten atur pambuka pengetan isro’ mi’roj saking kula cekap samanten kemawon. Mangga kita sesarengan paring tetenger bilih pengetan punika kita wiwiti kanthi maos basmalah :
Bismillahir rahmanir rahiim”.
Akhirul kalam billahit taufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun !.