Saturday 13 April 2013

Contoh Cangkriman (bahasa jawa)

Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang karepe. Tembung liya kudu ana bedhekane. Cangkriman mono bisa kaperang dadi 4 warna, yaiku:

1. Cangkriman wancahan yaiku cangkriman kang kedadean saka tembung-
    tembung kang diwancah utawa dicekak.
    Tuladha:
    a. Burnas kopen : bubur panas kokopen
    b. Yu mae rong : yuyu omahe rong


2. Cangkriman pepindhan yaiku cangkriman kang kedadean saka pepindhan utawa
    irib-iriban barang.
    Tuladha:
    a. Sega sekepel dirubung tinggi : salak
    b. Wit adhikih woh adhakah : semangka

3. Cangkriman blenderan yaiku cangkriman kang ngemu surasa blenderan,
    pambatangane kudu luwih ngati-ati, jalaran yen kurang pangati-ati bakal
    keblendher temenan.
    Tuladha:
    a. Wong dodol tempe diwudani. Sing diwudani dudu sing dodol nanging tempene
    b. Wong wis gedhe kok ngguyu tuwa. Karepe nangis

4. Cangkriman kang sinawung ing tembung yaiku cangkriman kang mapan ana ing
    tembung.
    Tuladha:
Wujud ngong lir Kresna Prabu,
    bangsa sato kadya peksi,
    sasana nunggil manungsa,
    pamboga maduning sari,
    sewara anglir raseksa,
    darbe curiga ing merdi.

    Cangkriman kang sinawung ing tembang kinanthi iku batangane : kombang