Sunday, 19 May 2013

Wayang Kulit #3

*Wayang Dhudahan
Wayang dhudahan yaiku wayang kang ora melu disimping nanging mung disimpen ana sajroning kothak. Biasane wayang dhudahan kuwi klebu wayang kang kerap dilakokake dening Ki Dhalang.
Contone wayang dhudahan :
1. Dhudahan Kurawa
Patih Sengkuni , Pandhita Durna , Burisrawa , Dursasana , Kartamarma , Jayadrata , Durmagati-Durgempa-Durmuka-lan sapiturute , Aswatama , Citraksa , Citraksi
2. Dhudahan Pandhita lan Dewa
Begawan Abiyasa , Begawan Sempani/Sapwani , Resi Wisrawa , Begawan Wilwuk , Nagaraja , Anantaboga , Badawangananala
3.Dhudahan Raseksa (buta)

Prepat ,Cakil ,Bragalba ,Buta Rambut Geni ,Buta Terong
4. Dhudahan Panakawan
Semar ,Gareng ,Petruk ,Bagong ,Togog /Catugora ,Bilung /Sarawita ,Cantrik
5. Dhudahan Keparak
Keparak/Emban ayu kembar ,Ampil-ampil ,Limbuk ,Cangik
6. Dhudahan Prajurit
Patih Udawa ,Druwajaya ,Pragota ,Prabawa ,Patih Tuhayata ,Patih Saragupita ,Patih Adimanggala ,Patih Sabrangan ,Ampyak/Prampogan ,Wisata lan Wilmuka ,Demang Sarapadha/Cekruktuna ,Wadyabala Buta Pringgodani (Kalabendana, lsp) ,Wadyabala Buta Ngalengka (Anggisrana,Yuyu Rumpung, Wil Kathaksini lsp) ,Wadyabala Buta Kajiman/Bajulbarat ,Wayang Setanan , Prajurit Kethek Tambak
7. Dhudahan Wanara
Anila , Anggada , Jembawan , Trigangga/Triyangga , Kapi Anggeni , Kapi Indrajanu , Kapi Suwida, Kapi Pramujabahu , Kapi Kingkin , Kapi Warjita/Cacingkanil , Kapi Janulen , Kapi Menda , Kapi Cucak Rawun , Kapi Saraba
8. Dhudahan Sato Kewan
Gajah(Liman/Dwipangga/Diradha/ Matengga.) , Banteng (Andhaka) , Macam (Simo/Sardhula) , Ula (Sarpa/Taksaka) , Celeng (wraha) , Garudha , Kidhang , Landhak , Jaran (Kudha)
9. Dhudahan Pusaka
Kreta Kencana , Maneka warna gegaman (Gadha, keris, jemparing, lsp)

Related Posts:

  • Trik bikin update status facebook via/melalui apa saja pada kesempatan kali ini Admin akan share yang hampir sama tapi ini lebih banyak lagi dan tentunya tambah keren dan unik. Update status fb melalui apa saja. Yah, tulisan via / melalui berubah sesuai selera. Langkah-langkah… Read More
  • Wayang Kulit #3 *Wayang Dhudahan Wayang dhudahan yaiku wayang kang ora melu disimping nanging mung disimpen ana sajroning kothak. Biasane wayang dhudahan kuwi klebu wayang kang kerap dilakokake dening Ki Dhalang. Contone wayang dhudahan :… Read More
  • 30 rahasia tentang wanita 1.bila seorang wanita mengatakan dia sedang bersedih,tetapi dia tidak meneteskan air mata, itu berarti dia sedang menangis di dalam hatinya. 2.bila dia tidak menghiraukan kamu setelah kamu menyakiti hatinya,lebih baik ka… Read More
  • WAYANG KULIT #1 Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawé saka kulit… Read More
  • Wayang Kulit #2 SIMPINGAN Akehe wayang ing kothak ora padha ing antarane dhalang siji lan liyane. Ana kang kurang saka 180, ana uga kang nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan kiwa, ana uga kang ing … Read More