Sunday 5 May 2013

Contoh Pidato Bahasa Jawa




Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh

Kaum muslimin ingkang kulo hormati.

Wonten ing wakdal ingkang berbahagiya niki monggo kito ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT. ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun sehinggo saget kempal wonten meriki panggenan lan ing dalem keadaan sehat wal afiat. Amin Yaa Rabbal ‘Aalamiin.

Shalawat ugi salam mugiyo tetep dipun paringaken nabi kito Muhammad SAW., keluarganipun, poro sahabatipun lan ugi sedoyo kaum muslimin ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kelawan estu-estu lan leres. Mugiyo kito sedoyo dados umat beliau ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti estu-estu lan leres.

Kaum muslimin ingkang kulo hormati.

Wakdal niki kito sedoyo ngengeti dinten tumibohe Al Qur’an, inggih tepatipun tanggal pitulas Romadhan.


Kito kedah nyumerapi beleh Al Qur'an niku setunggalipun kitab suci Allah ingkang wajib kito sedoyo imani. Amargi kitab suci Al Qur'an niku ngerupekaken kitabipun Allah SWT. ingkang paling sempurno lan ingkang paling akhir kiyambak dipun turunaken dumateng nabi Muhammad SAW. lan semanten ugi beliau niku ngerupekaken pitedah lan ingkang maringi petunjuk dumateng sedoyo umat menungso wonten ing alam dunyo niki dumateng margi ingkang lurus. Lan kito sedoyo kedah sumerap beleh Al Qur'an niku kangge pitedah dumateng manungso, khususipun dumateng umatipun nabi Muhammad SAW. kados dawuhipun Allah:

“Ing dalem wulan Romadhan iku dipun turunaken Al Qur'an minongko dados petunjuk kangge poro manungso, lan nerangaken petunjuk kangge sakdurunge lan nerangaken bentenipun ingkang leres lan ingkang salah.”

Lan kito sedoyo gesang wonten ing ndunyo niki butuhaken pedoman lan peraturan kangge ngelampahi amanat-amanat ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo selaku kholifah ing dalembumi. Milo saking niku Allah maringi peraturan lan pedoman gesang niku dateng Rosulipun, inggih meniko ingkang arupi Al Qur'an lan Al Hadits. Supados kito sedoyo niku boten kesasar jalan lan ugi saget ngelampahi amanat-amanat ingkang sampun dipun paringaken dumateng kulo lan panjenengan sedoyo. Wonten ing setunggalipun hadits nabi SAW, ngendiko:

“Siroh kabeh dipun tinggali perkoro loro supoyo siroh kabeh ora podho kesasar, selagine siroh kabeh podho cekelan marang perkoro loro mahu, yaiku Kitab Allah(Al Qur'an) lan Sunnah nabi (Al Hadits).”

Kaum muslimin ingkang kulo hormati.

Lan menawi kito nanti estu gesang wonten ing dunyo niki kelawan tuntutan lan bimbingan Al Qur'an, kito pasti angsal kabejan lan kebahagiyaan dunyo lan benjang ing akhirat. Kados pengendikane nabi SAW:

“Al Qur'an meniko penolong ingkang saget nyukani pitulung lan pembelo ingkang dipun leresaken. Lan sinten tiyang ingkang manut Al Qur'an mongko Al Qur'an meniko nuntun dateng suwargo, lan sinten tiyang ingkang nilar dumateng Al Qur'an, mongko Al Qur'an meniko nyeret dateng neroko.”


Kaum muslimin ingkang kulo hormati.

Mulo saking niku, sedoyo ingkang dipun jelasaken wonten firmanipun Allah SWT lan sabdanipun nabi SAW kolo wahu saget kito sedoyo mangartosi beleh gesang wonten ing dunyo niki kedah ngamalaken nopo ingkang wonten nggene Al Qur'an genep lan langsung cekap dipun praktekaken ing dalem gesang saben dinten. Dados sinten kemawon hamba Allah SWT ingkang purun meratekaken ing dalem gesang niki, pasti bejo lan angsal kebahagiyaan gesang. Kaum muslimin ingkang kulo hormati. Kulo cekapaken sambutan niki. Mugiyo bermanfaat.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.